Album Cover Goro-Goro

Goro-Goro

Sujiwo Tedjo

4

Ana bocah wadon katon pinggir dalan

Takonana dalan lan ngajak guneman

Nalika mbok demok mok mak jleg dadi duit

Ana arek lanang nanggap sapa wae

Endah apa ala

Ompong apa prawan

Waton dadi dhuwit

Reff:

Wancine wus goro-goro

Geger gara-garaning dhuwit

Dhuwit manak dhuwit

gedhene sak dhuwit-dhuwit 2x

Anak-anak dhuwit

Naliko wis gedhe njur disekolahke

Nganti tekan tembe

Mentas kawisudha da

Keminter golek dhuwit dhewe

Ning jroning golek duit

Akehe resekso

Ra biso gumuyo ra biso ngaprungu

Karana wus kasumpel dhuwit

Reff

(o) ra keduman omah

Manggon nang ngisor wit

Wit-witan wis amblas

Bablas mlebu alas

Alas jebul bothak thak

Judhek mikirin dhuwit

Nang sandhing gunung buthak

Ngupadi grojogan

Nang grojogan sewu

Jebul banyune panas

Panas ngungkuli duwet

Reff