Album Cover Demokrasi

Demokrasi

Sujiwo Tedjo

4

G: Guru, M: Murid

G: Duh bocah ayu tutwuria lagu kang mau

M: Kawulo nuwun punopo kang mekaten

G: E lha... lha kok beda

M: Pundi to kang benten

G: Bedane swarane pungkase kowe ora ngene

G: Coba baleni nulad lagu kang mau kae

M :Kawula nuwun punapa kang mekaten

G: Ee.. Lha mekso beda

M: Pundi to pundi to ingkang taksih benten

G: Bedane pungkasane kowe ora ngene

G: Sepisan baleni lagu kang pungkasan

M: Kawula nuwun punapa kang ngaten

G: E tobil jebule kowe mekso beda

M: Kawula nuwun ingkang benten sinten

G: Sliramu kang beda...

Koor: Hip ho! Ha hip ho! Hip ho! Ha hip ho!

Solo.

G: E... lha kae neng awang-awang keh mega-mega

Yen... tak sawang beda-beda swara ora ala malah becik

Nadyan kowe beda

Kula nyuwun duka

Ora uasah nyuwun duka...

G: Duh bocah bagus tutwuria lagu kang mau

M: Kawulo nuwun punopo kang mekaten

G: E lha... lha kok beda

M: Pundi to kang benten

G: Bedane swarane pungkase kowe ora ngene

G: Coba baleni nulad lagu kang mau kae

M :Kawula nuwun punapa kang mekaten

G: Ee.. Lha mekso beda

M: Pundi to pundi to ingkang taksih benten

G: Bedane pungkasane kowe ora ngene

G: Sepisan baleni lagu kang pungkasan

M: Kawula nuwun punapa kang ngaten

G: E tobil jebule kowe mekso beda

M: Kawula nuwun ingkang benten sinten

G: Sliramu kang beda...