Album Cover Ngajogjakarta

Ngajogjakarta

Genk kobra

4

witing klapa jawata ing ngarcapada

salugune niki geng kobra

pancen nyata...

kulo saking surakarta njajah nagri ngayogjakarta

ngayogjakarta, kuthane aman, berhati nyaman

kota seniman, kota pelajar, lan kabudayan

malioboro trus ngidul kuwi kraton yogja

kantor pos gedhe ngarepe senisono

ning dhek mbiyen saiki wis ora ana

beteng vredeburg biyen panggonane landa

golek gudheg ning mijilan mesthi ana

ndelok munyuk lan gajah ning gembiraloka

arep santai ning laut bablas kidul kana

parangtritis, parangndhog, parangkusuma

mbantul, prajatamansari, ben ra ucul yo digondheli

sleman sembada, eman-eman marai gela

tuku manuk ning ngasem sor pulau cemeti

kaliurang, nggon adhem ning lereng merapi

cemilane jadah, tempe bacem, ngangeni

goa slarong ngelingake perang jaman kumpeni

gajah mada, iain, kalijaga, uii

panggonane wong pinter sing pada setudi

stasiun tugu, lempuyangan, nggon kreta api

numpak sepur saka kana tekan ngendi-endi

gunungkidul handayani, bacut ucul angel nggoleki

kulonprogo binangun, karo kanca mbok ya sing rukun

ngayogjakarta, kuthone aman, berhati nyaman

kota seniman, kota pelajar, lan kabudayan

borobudur, prambanan, kuwi candhi gedhe

taman sari, pemandian, ning kari bekase

tari srimpi lan gambyong sakgamelane

yen ditonton mesti wae yo nyenengake

daerah yogja ono papat kabupatene

gunungkidul, sleman, bantul, kulonprogo batese

dalad, sangi, lan nyothe kuwi basa premane

yen takpikir aku mesthi kekelen dhewe

sanga papat punjul enem

menawi lepat nyuwun ngapunten

sanga papat punjul enem

kulo niki lulusan pakem

sikil gudhig aja dikukur lan dithithil

tangan reget aja nggo uthik-uthik upil

sirah mumet lan ngelu padha ngombea pil

dadi uwong sing pinter aja dadi pokil

susruk wajan nggo nggoreng krupuk kuwi sothil

mbok ya anteng tangane, aja padha nggrathil

benik ucul dondomi ben ora prithil

dadi uwong sing sugih aja dadi uthil

sikil gudhig aja dikukur lan dithithil

tangan reget aja nggo uthik-uthik upil

sirah mumet lan ngelu padha ngombea pil

dadi uwong sing pinter aja dadi pokil

susruk wajan nggo nggoreng krupuk kuwi sothil

mbok ya anteng tangane, aja padha nggrathil

benik ucul dondomi ben ora prithil

dadi uwong sing sugih aja dadi uthil

Lagu lain oleh Genk kobra