Album Cover Teles Kebes

Teles Kebes

Didi Kempot

3

Teles kebes klambi sing tak enggo iki

Udan deres aku ra peduli

Mlaku tanpo payung mergo atiku bingung

Urip ijen tanpo bopo biyung

Nganti kapan kudu tak lakoni

Pacoban urip awakku iki

Seprene lawase aku urip dewe

Neng kene ora ono kancane

Udan deres teles kebes klambi iki

Karepe ati kepengin nggoleki

Udan deres teles kebes klambi iki

Aduh bapa biyung kowe ono ngendi

Aku pengin nangis nangis neng pangkonmu

Koyo bayi nangis nyuwun banyu susu

Aku pengin nangis nangis neng pangkonmu

Bapa biyung rungokno tangisku