Album Cover Sopir No.1

Sopir No.1

Didi Kempot

7

Pak sopir kondhange yen ngaso mampir Ngedem mesin mampir warung langganane

Pak kernet ugo ora ketinggalan Melu midun ngiras karo ngecek eban

Bane opo kempes

Kempes opo ora

Bane opo gembos mbos,

Gembos opo ora

Nanging yen pak sopir siji iki

Seje karo sopir liyane

Nanging yen pak sopir siji iki

Yen tak sawang pancen gede tirakate

Nyopir…alon alon…

Watone kelakon

Nyopir…golek pangan

Rino wengi direwangi turut ndalan

Tangan nyekel setir kiwo tengen

Sikil ngidak gas lan kopling

Sabar tur nerimo

Bot abote kanggo nguripi kluargo