Album Cover Nglimpe

Nglimpe

Didi Kempot

5

Ora cukup yen mung njaluk ngapuro

Bebasan nangiso nganti sedino

Nadyan mung sedelo nggonmu gawe aku gelo

Nganti seprene mung tansah kato ning moto

Wis ngerti kowe kuwi duwekku

Sawangen cincin sing ono drijimu

Tegane sliramu ngliyo nglimpekake aku

Andum tresno ceto ono ing ngarepku

Rumangsaku wis bener pilihanku

Rumangsaku sliramu setyo lan tuhu

Rumangsaku yo mung aku sisihanmu

Ning nyatane kowe ngliyo nglimpe aku

Wewe kedanan setan

Weke konco nekat dipangan

Ono wong liyo sing gawe aku sujono

Kowe kepincut setan sing gawe memolo

Ora cukup yen mung njaluk ngapuro

Bebasan nangiso nganti sedino

Nadyan mung sedelo nggonmu gawe aku gelo

Nganti seprene mung tansah kato ning moto

Rumangsaku wis bener pilihanku

Rumangsaku sliramu setyo lan tuhu

Rumangsaku yo mung aku sisihanmu

Ning nyatane kowe ngliyo nglimpe aku

Wewe kedanan setan

Weke konco nekat dipangan

Ono wong liyo sing gawe aku sujono

Kowe kepincut setan sing gawe memolo

Wis ngerti, kowe kuwi duwekku

Sawangen cincin sing ono drijimu

Tegane sliramu ngliyo nglimpekake aku

Andum tresno ceto ono ing ngarepku