Album Cover Lindu

Lindu

Didi Kempot

3

Remuk ambruk, wis malih wujude

Omahe ilang, ilang sak isine

Boto sing abang, soyo cetho wernane

Tetesing getih ing kono kene

Jerit suoro tangis, bayi kangen ibune

Wis sedho, bener ono ning sandhinge

Tetesing eluh, ora bisu dibendhung

Bebasan udan, sing tanpo mendhung

Lemah sing garing, bongkah ing wanci injing

Sopo sing ra nggrages, nangising bathin

Jerit suoro tangis, bayi kangen ibune

Wis sedho, bener ono ning sandhinge

Injing kang sepi, tekane kuwi

Lindu, sing gawe nangise ati

Lindu…, lindu kowe babat sing do gumun

Wanci injing…, sing gawe nangising kalbu

Lindu…, lindu sing gawe nangis mripatku

Dino sabtu, sing dadi saksi kang bisu

Remuk ambruk, wis malih wujude

Omahe ilang, ilang sak isine

Boto sing abang, soyo cetho wernane

Tetesing getih ing kono kene

Jerit suoro tangis, bayi kangen ibune

Wis sedho, bener ono ning sandhinge