Album Cover Kere Mungga Bale

Kere Mungga Bale

Didi Kempot

3

Nok Sri Mulyani

Sak iki urepmu soyo mukti

Nyandang nganggo ora ngucewani

Mergo saiki wis dadi penyanyi

Nok Sri Mulyani

Gayamu jan koyo selebriti

Mulo saiki kowe wis lali

Karo aku sing dadekke penyanyi

Eling-eling

Kowe biyen dodol sego kering

Bareng saiki dadi wong kondang

Kowe njur lali karo kahanan

Eling-eling

Kowe biyen dodol sego kucing

Bareng saiki dadi wong gede

Kowe koyo kere munggah bale

Nok Sri MUlyani

Senadyan saiki kowe wis lali

Nanging tetep tak dongak ake

Mugo mugo ra bali dadi kere

Nok Sri Mulyani

Biyen omahmu ora mbejaji

Setan wae mlebu ora wani

Ning saiki wis apik koyo loji

Nok Sri Mulyani

Kowe saiki cidro ing janji

Janjimu biyen ra bakal lali

Karo aku sing dadekke penyanyi