Album Cover Iki Wek E Sopo

Iki Wek E Sopo

Didi Kempot

3

Wong yen lagi gandrung

Ra perduli mbledhose gunung

Wong yen lagi naksir

Ra perduli yen perang nuklir

Nadyan lagi bokek

Direwangi nretek nretek

Jarene wis jodo

Opo opo duwe'e wong loro

Wong yen lagi kepikat

Ra perduli ndunyo kiamat

Wong yen lagi nyenengi

Ra perduli lagi inflasi

Nadyan ra duwe duwit

Direwangi kredat kredit

Jarene wis jodo

Opo opo kudu wong loro

Irung mbangir yo duwekmu

Lambe tipis yo duwe'mu

Janggut nyatis yo duwekmu

Bangkekane, yo duwekmu

Mestine ono sing duwe

Mestine ono sing nduwe

Mestine ono sing nduwe

Mestine ono sing nduwe