Album Cover Bakso Sarjana

Bakso Sarjana

Didi Kempot

7

Anakku wedok lulus sekolah

Nangis karepe pingin kuliah

Mugi gusti Alloh paringo berkat

Marang kulo tiyang alit sing mboten gadah

Naliko bayi biyen tak kudang

Rino wengi tak gadang gadang

Senajan wong tuamu dudu juragan

Mung wong cilik bakul bakso kelilingan

Oalah nduk kowe duweku donga lan puji

Wong tuamu moco tulis ora ngerti

oalah nduk karepmu wis tak turuti

Yen kuliah ning kutho sing ati-ati

Atiku bungah krungu kabare

Koyo wong sing menang lotre

Anakku wedok sing ayu dewe

Sing tak gadang gadang wis klakon karepe

Anak bakul bakso lulus kuliahe

Anakku