Album Cover Awu Merapi

Awu Merapi

Didi Kempot

4

Neng ngendi kudu lunga

Nggoleki kenya sing tak tresna

Nalika putihe awu tiba

Tilas lakumu saya ora ketara

Neng ngendi kudu mlaku

Nuruti kareping atiku

Tak gegem gegayuhan lan impenku

Senajan abot sikilku tak nggo lumaku

Mawa sing abang ing pucuk merapi

Udan awu seprene sing dadi seksi

Setu pahing sing dadi pangeling eling

Eling sliramu nalika tak sanding

Uwis sewindu aku nggoleki sliramu

Rina wengi... ora ketemu

Neng ngendi papan lan dunungmu

Yen ketemu eba bungahing atiku

Neng ngendi kudu mlaku

Nuruti kareping atiku

Tak gegem gegayuhan lan impenku

Senajan abot sikilku tak nggo lumaku

Mawa sing abang ing pucuk merapi

Udan awu seprene sing dadi seksi

Setu pahing sing dadi pangeling eling

Eling sliramu nalika tak sanding

Uwis sewindu aku nggoleki sliramu

Rina wengi... ora ketemu

neng ngendi papan lan dunungmu

Yen ketemu eba bungahing atiku

Yen ketemu eba bungahing atiku